Cerkak

SURYA LAN RATRI

Cahyaning surya ing wayah esuk, kaya-kaya nglukis tentreming tyas. Seger sumbribit angin gawe obah ron ing ngarep omah.
Swaraning manuk manggung nambah kaendahan kang ora bisa kepitung. Katon kupu ngisep sekar mawar kang isih klebes dene embun. Ing sandhinge ana jejaka bagus mesem, dheweke nyawang Ratri kang wus siap ing teras omah.
“Nunggu suwe ya dhik?”
Ratri mung mesem banjur mbonceng Surya kang wus dipacari setaun kepunggkur. Pancen bocah kaloro iku isih bebungah ketaman asmara. Mesam-mesem sinambi gegojegan. Nadyan gegojegan sinambi boncengan numpak motor, Surya katon ahli anggone nyetir motore. Mung setengah jam motoran Surya lan Ratri wus tekan sekolahan.
Bocah loro iki dadi siswa kelas XII IPS 2 SMA N Langit Tujuh. Sekelas uga sebangku, ananging yen ning kelas kalorone ora kaya wong pacaran. Ratri lan Surya sainggan anggone juara kelas, semester iki Ratri kang juara nanging sesuk bisa Surya kang juara. Saingan ing sekolahan iku saka kelas X biyen. Kalorone pancen pinter. Ora mokal yen kerep njuarai lomba-lomba tingkat daerah, malah wis tau tekan Jakarta amarga makili sekolahane ing lomba olimpiade ekonomi.
-OoO-
“Dhik, minggu esuk golek buku ya? Aku kepingin tumbas novel”
“Em, piye ya Mas? Aku diajak budhe ning daleme. Pangapuramu ya Mas, aku wis kadhung janji.”
Surya mung meneng banjur ngombe es jeruk.
 “ Mas….. nesu ya?” pitakone Ratri rada ngliling.
“Ora! Ngapa nesu barang. Ket wingi-wingi aku ora tau nesu, mosok ngene wae arep nesu?”
“Lha… kok ngono ta ngndikane? Wis, ayo mantuk wae. Aku wis diSMS ibuk iki.”
Surya lan Ratri banjur mulih. Ora mung malem Minggu kalorone mlaku-mlaku lan pacaran, tuladhane malem Selasa kaya saiki kalorone maem ing penyetan pinggir alun-alun.
“Mas, ngapa ta? Salahku apa? Kok saiki kerep mrengut karo Ratri?” pitakone Ratri sakwise tekan ngarepan omah.
Wis arep jam wolu iki, gek mlebu kana! Ndak didukani ibuk. Sesuk tak pethuk rada awan saka biasane, mami kon ngeterke ning pasar sikik.”
Urung disauri marang Ratri, Surya wis ngegas motore.
“Ya uwis, sak karepmu Mas.”
Ratri banjur mlebu ngomah, raup sikatan banjur nglethek ing kasur. Dheweke mikir-mikir ngapa kok Surya rada beda. Sakwise liburan semester wingi Surya cepet mrengut lan saurane ora penak dirungokake.
Ratri ora bisa turu jalaran kesel awake, ditambah mikirake pacare kang rada beda. Jam sanga kurangsepuluh menit krungu udan ing njaba omah. Untungna Ratri wis tekan ngomah, dadine ora kudanan. Pikirane Ratri ngembyang-embyang. Pancen Ratri wis tau tukaran karo Surya, nanging rasane ana kang ora penak ing atine. Kaya-kaya arep ana apa-apa ing tembe buri.
“Ah, iku ya mung rasaku wae sing rada lebay, nak ora ya…. Mas Surya wae sing lagi sensi. Ora papa….. ora eneng apa-apa.” Ratri guneman dhewe. “Nanging yen pancen ana apa-apa tenan? Misale Mas Surya wus ora tresna karo aku meneh utawa ana Kenya liyane ing atine?” meneng sedhela nyawang poto ing meja, banjur dijupuk lan disawang. “Ora, aku ora oleh mikir sing kaya ngono!” poto ing figura kang dipajang ing meja cedhak kasur didhekep Ratri.
-OoO-
Sugeng enjing diajeng.. TresnaQ mrang sliramu ra bakal bsa musna, nadyan ak ra bsa nyandhing sliramu.
Kriyip-kriyip Ratri ngrayah HP. Dibukak lan diwaca banjur dibalesi.
Enjing Mas… Ratri btn ngrtos menapa ingkang dados penggalihipun Mas Surya.
“Gusti….. iki ana apa maneh?” ratri nyuara nadyan suarane isih serak jalaran lagi tangi turu.
“Ana apa ta Nduk?”
“Ibuk… boten wonten menapa kok Buk.”
“Saka mau bengi kok grenang-greneg dhewe. Lagi telpon Surya apa piye?”
Ratri mesem.
“Hem, ya wis. Gek adus kana!”
“Nggih Buk.”
Ratri gregah saka paturon. Nyangking andhuk banyur menyang kolah.
-OoO-
Surya ora tau njawab yen Ratri nyoba ngomongke SMSe kang ora jelas. Dheweke mung ngomong yen telung sasi meneh arep Ujian Akhir Nasional, sedhela meneh lulus lan kuliyah. Kudu mikirke iku, ora malah mbahas bab kang ora penting liyane. Ratri meneng. Dheweke manut.
Pancen. Saiki wus kelas XII sedhela maneh Ujian. Kudu nyiapake kanthi tenanan. Les, tray out, latian soal, sinau kelompok, lan menyang perpus dadi gawean kang wajib dilakoni saben dinane. Ora mung Ratri lan Surya, kabeh siswa kelas XII duwe pangajab bisa lulus kanthi biji kang maremake.
“Tri… Ratri…”
“Ana apa Wul? Bengak-bengok. Aku lagi nggarap Ekonomi iki.”
“Sesuk sampean arep neruske ning ngendi? Jare arep mlebu UI? Iya pa?”
“Aku urung ngerti. Nanging aku pengen kuliah.”
“Alah ya cah… saiki mikir lulus sikik lagi mikir mlebu kuliah!” sambunge Lintang nyela Wulan lan Ratri.
“Lha… duwe rencana iku perlu Lintang!” jawabe Wulan.
“Iyo, aku reti. Nanging sing dipikir iku sing cedhak sikik! Ya ora Mbak Ratri sing manis?”
Ratri mesem lan nerusake anggone nggarap itung-itungan Ekonomi. Lagi ngrampungke sak nomer dheweke nyawang njaba kelas. Pikirane mabur. Kelingan Surya. Rasa kangen ing batine saya ndadi, nanging kudu dibetahke. Ujian telung minggu meneh. Kudu ngupaya supaya bisa lulus lan entuk biji kang apik supaya bisa ayem yen mlebu perguruan tinggi. Ora dadi apa, nadyan mung mangkat lan bali sekolah dheweke bisa cedhak karo surya. Jalaran cara sinau kang wus dprogramke awujud kelompok-kelompok kang wus dibagi dening gurune. Ratri lan Surya beda kelompok, dadine Ratri mung bisa nyawang pacare kang di tresnani iku.
-OoO-
Angone ngupaya kasil kanthi biji kang maremake. Donga lan upaya kang ora kepitung diamini marang Gusti. Siswa SMA N  Langit Tujuh lulus kabeh. Ratri kang dadi juara umum sak-IPS. Bungah rasaning ati. Saiki ratri obsesi pingin mlebu Ekonomi UI.
“Ayo kanca-kanca! Sesuk awake dhewe ning pantai. Tak bayari kabeh!” Lintang ngomong sinambi njaluk tanda tangan ing klambine marang kanca-kancane.
“Halah, gayane pak ketua iki lho.”
“Lha, rak ya ora papa ta Wul? Bapaku njanjeni arep gawe pesta yen aku melu 10 besar. Aku rak rengking sanga. Ya tak tagih! Kowe rak ya gelem ta?”
Kemruek swarane padha ngrembug acarane Lintang kanga rep ngajak kanca-kancane ning pantai. Ratri mung meneng ing mejane dhewekan.
“Dhik… kok nglamun?”
Ratri mlongo nyawang wong kang lungguh sing sandhinge.
“Kok malah ngono nyawang aku? Aku mengko wedi lho!”
“Boten kok Mas.”
Ratri ndungkluk lam mesem sakwise nyauri. “Atiku rasane seneng Mas, bisa nyawang esemu kang manis kaya mbiyen nalika sampean lan aku ngadu asmara. Endah…. Wingi-wingi aku lali rasane kepiye, ananging saiki tresnaku kang lingset kaya-kaya semi maneh.” Ratri ngomong ing ati.
“Mengko bengi ning Orbit Café gelem ora Dhik?”
“Tenane Mas? Ya, aku gelem lah. Wis suwe ora lunga bareng.”
Surya mesem nyawang pasuryane Ratri kang sumringah. “Wis, saiki ayo mantuk wae. Aku ana gawean ing ngomah”.
Kalorone boncengan mulih saka sekolahan. Ing dalan surya crita yen limang sasi kepungkur nganti wingi-wingi rada ora menaki swarane jalaran lagi training dadi pengelolane café. Kluargane Surya duwe  restoran lan café akeh cacahe nganti luar kota uga ana cabange. Surya Resto, sakdurunge ngelola restoran gedhe kang megah iki Surya kudu ajar ngelola café cilik sikik. Pancen bapake Surya pengusaha sukses lan Surya anak ontang-anting. Surya kudu sinau ngelola usaha supaya bisa nggenteni bapake yen wis tekan wayahe.
-OoO-
“Mas, aku seneng banget wengi iki.”
“Pangapuramu ya Dhik yen wingi-wingi aku….” Urung rampung anggone micara ratri medhot.
“Ora papa Mas, sing penting aku rak wis ngerti sebabe. Gek saiki aku bisa barengan lan nyawang esemu meneh.” Selane Ratri sinambi nggegem tangane Surya.
Klorone pada nyawang siji lan sijine. Pesenane wis teka banjur maem karo ngobrol lan gegojegan. Wis suwe Ratri lan Surya ora bebarengan kaya wengi iki. Kalorone katon bungah sawangane.
“Dhik… aku tresna karo sliramu. Aku pengen bebarengan saklawase, tekaning patiku. Ya mung sliramu kang ana ing atiku. Saklawase.” Surya ngegem tangane Ratri kanthi rasa asih, sawangane ora owah saka Ratri.
Ratri ora bisa micara babar blas. Dheweke kaya kamitenggengen ora bisa obah. Banjur mung mesem.
Bengi iku dadi bungahing rasa. Ratri ora bisa turu sakwise tekan ngomah. Miring ngiwa banjur nengen, mlumah kadhang mungkurep banjur miring meneh. Terus ngono wae kang dilakoni Ratri wengi iku sakwise Surya ngomong mangkono marang Ratri. Werna-werna kang dipikirke, Ratri malah mbayangke yen besok bisa dadi bojone Surya lan duwe anak kembar wadon sing lucu, putih lan rambute kriting. Ratri mesam-mesem ora genah. Lagi ketaman asmara.
-OoO-
Esuk. Surya sumunar ing sisih wetan. Dina Minggu iki Ratri katon sumringah. Jalaran dina Rebo sesuk arep ndaftarke ing UI. Ratri uga isih kelingan apa kang dingendikake Surya pas malem Minggu.
“Ngapa ta Nduk? Kok mesam-mesem dewe?”
“Ibuk, boten napa-napa kok. Ratri menbe bungah kemawon.”
Ibu mesem banjur mlebu ngomah.
“Nduk, ana SMS iki!” swarane ibuk saka njero omah.
“Nggih Buk.”
Dhik, kncni blanja ya? Ak seminggu sesuk arep nyang Singapura. Selasa mangkat. Bsa ta?
“Singapura? Arep ngapa?” Ratri ngomong dewe karo mbalesi ngetik SMS.
Ngpa ning Singapur Mas? Adoh timen? Bisa kuk. Ratri ga ana gawean apa2.
Ratri meneng. Pikirane ora karuan. “aja-aja aku arep ditinggal lunga.” Ngonong dewe meneh sinambi nyawang Hp kang getar amarga ana SMS.
Y tak jemput sak jam mneh. Ge siap-siap ya?
Ratri mbales SMS sinambi lungguh ing teras.
Ok… Q tak dan2 sing cuantiq Mas.
-OoO-
“Mas, ana apa ta? Kok sampean arep tndak menyang Singapur? Aja aja arep neruske bisnise bapakmu sing ning kana?” pitakone Ratri nalika milih-milih klambi batik ing butik.
“Iki apik ora Dhik?”
“Mas…. Ditakoni apa jawabe seje. Piye ta?”
“Aja khawatir ya Dhik, aku mung seminggu. Putrane bulik arep nikah. Ora ana apa-apa.” Wangsulane Surya alon. “Piye iki apik ora?”
“Tenan?”
“Iya, tenan. Apa aku goroh karo sliramu.”
“Ya wis nak ngono, aku percaya Mas.” Ratri mesem. “Iki apik Mas, patut yen digawa ing acara mantenan.”
“Ya wis iki wae.”
Sakwise mubeng-mubeng golek klambi lan kado, Surya lan Ratri maem ing restoran. Bungah yen disawang kalorone. Kaya Arjuna lan Sembadra. Katon cocog yen disawang mata.
-OoO-
Seminggu luwih rong dina wus kepungkur. Ratri wus ora sabar ketemu karo pacare. Ananging Surya diSMS ora dibales, ditelpom uga ora diangkat.
“Buk, Ratri badhe dolan wonten dalemipun Mas Surya.” Tembunge Ratri marang Ibune.
“Arep ngapa ta Nduk? Sabar sithik. Mengko rak ya dikabari. Apa ora isin yen marani jejaka?”
“Kados pundi malih Buk, Mas Surya boten paring kabar.”
“Ya wis, ati-ati. Nak mertamu ning daleme wong liya sing sopan.”
“Nggih buk.”
Ratri menyang omahe Surya. Anaging pembantune Surya ngomong yen Surya lagi ora ning ngomah. Pancen wingi wus mulih saka Singapura, ananging ana gawean ing luar kota. “Ya wis lah.” Batine Ratri kang anyel.
Nembe metu gerbang HP ne muni. “Ana SMS saka Surya.” Ratri mesem.
Ak pngen ktmu sliramu mngko bengi. Ta jmpt jam 7.
Jam 7 kurang sithik Ratri wus nunggu ing teras omah. Ora let suwe Surya teka nggawa mobil.
“Lho Mas, kok bajekna nggawa mobil? Motormu nyandi?” pitakone Ratri sakwise ngenepke lawang mobil. “ Mas, sampeam kena apa? Kok sajak mrengut?” sambunge.
“Ora kena apa-apa kok.”
“Kesel ya Mas?”
“Iya”
Ratri meneng wae nyawang surya. Let sedhela nyawang kaca mobil kang wus mlaku nglewati dalan tol. Ora ana omongan apa-apa. Nadyan wus seminggu luwih ora ketemu kaya-kaya ora ana rasa kangen. Ing batine Ratri kagen. Ananging polatane Surya lagi ora tata, Ratri pingin takon piye anggone lelungan wingi ananging dheweke wedi nak Surya nesu amarga lagi kesel awake.
“Ning Surya Resto ya Dhik?”
Ratri kaget. Ananging mung manthuk jawabe.
-OoO-
 “Dhik, aku reti yen sliramu tresna tenanan karo aku. Aku uga tresna karo sliramu.” Surya ngegem tangane Ratri kang kuning mucuk ri. “Mula saka iku aku ngajak sliramu mrene.” Sambunge.
“Maksude sampean apa ta Mas?”
“Awake dewe kekancan wae ya?”
“Putus?” pitakone Ratri seru.
“Awake dewe kekancan wae. Rampungna anggonmu kuliah. Sedhela meneh sliramu menyang Jakarta ta Dhik? Sing temen anggone sinau, muga-muga cita-citamu dadi dosen kalaksanan.”
“Mas, sampen ki kados pundi ta? mau ngendika nak tersna karo aku, saiki ngajak kancan wae. Karepmu ki piye?”
“Sasi ngarep aku arep dinikahke karo putrane kancane bapak. Aku uga dipasrahi kon ngelola bisnise bapak sinambi kuliah. Aku ora bisa nolak kekarepane bapak Dhik. Aku anak siji-sijine.”  Surya ngegem meneh tangane Ratrei kang mau wus diculke.
“Aku terna mulih Mas!!!”
“Lha, pesenane maem urung diterke. Gek iku diunjuk dhisik!”
“Pokoke aku terna mulih saiki Mas! Nak sampean wegah, aku tak mulih dewe.”
Surya ngadeg banjur ngeterke mulih Ratri. Nganti tekan ngomah ratri tanpa swara. Ditakoni mung meneng wae. Tekan ngomah mbanting lawang mobil banjur mlebu ngomah tanpa micara apa-apa.
Luh tumetes sakwise Ratri mbanting awak ing kasur. Ora ngira yen kabeh angen-angene bakal musna. Dadi sesandingane Surya nalika wegi, duwe anak kembar kang lucu lan duwe rambut kriting, uga angen-angen liyane kang nyenengake karo Surya. Dheweke pengen nyikep dhadhane surya kanthi rasa kangen, malah entuk-entukane nangis sewengi sakwise ketemu.
Miring nengen. Dicekel HP kang ngletgek ing sandhinge. Diaktipke HPne banjur 17 SMS mlebu. Saka budhe Lidya kang ngabari yen Senin sesuk Ratri arep dipethuk budhene anggone menyang Jakarta. Saka kancane kang takon kabar lan sing 15 SMS saka Surya. Ratri mung balesi ngone budhene wae.
-OoO-
Dina Senin ratri budhal menyang Jakarta. Sakwise pamit bapak lan ibu uga adhine Doni kang isih kelas 2 SMP. Mobil wus mlaku. Ratri nyawang njaba mobil, banjur luh tumetes jalaran kelingan Surya. Ratri banjur ngetik SMS.
Mugia sliramu tansah bebungah ing rasa. Aku kang nandang duhkita kelangan tresnamu bakal mesem ing impenku. Surya lan ratri pancen ora bisa dadi siji. Pangajabku yen bakal ana rina ing wengi iki. ^_^ See u gud Bye!!!!
Sakwise ngirim SMS mau, HPne dipateni kartune dicopot lan ditugel dadi loro banjur dipasang kartu kang anyar. Ratri duwe pepengenan bisa nggayuh cita-citane kang pengen dadi dosen tanpa kelingan larane amarga katresnan.
-- RAMPUNG --


Komentar